Latest Games :
Selamat Datang Kawan - Kawanku Di Blog Kita Ini,Semoga Blog Ini Bermanfaat.
Home » » Soal Latihan SSD Kelas V

Soal Latihan SSD Kelas V

Rabu, 12 Juni 2013 | 0 komentar




ULANGAN UMUM SEMESTER II SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN  2012/2013
SD Harapan Bangsa Kita
Surakarta

Mata Pelajaran
: Seni Suara Daerah
Hari/Tanggal
: 13 Juni 2013
Kelas
: V (Lima)
Waktu
: 09.00 – 10.30 wib

I.               Isinen titik-titik ing ngisor iki kanthi bener !
  1. Tembang kang gunakake titilaras slendro miring duweni watak . . . .
  2. Titilaras 3 (lu) yen dimiringke dadi . . . .
  3. Gamelan kang duweni laras slendro lan laras pelog diarani gamelan. . . .
  4. Tembang Maskumambang duweni watak . . . .
  5. Guru lagu lan wilangane Pocung Gatra ke-3 yaiku . . . .
  6. Demung, saron lan slentem kalebu ricikan. . . .
  7. Kethuk lan kempyang dijejerke  kaya manten ing dhuwure. . . . .
  8. Tali kang digunake kanggo gantung kempul lan gong diarani . . . .
  9. Tabuhan ricikan peking bareng karo ricikan peking diarani balungan . . . .
  10. Gending Lancaran Gugur Gunung gunakake pathet . . . .
  11. Ing tembang Lir-ilir, ana tembung kang unine ‘blimbing”. Apa tegese blimbing wau . . . .
  12. Ing tembang Lir-ilir, ana tembung kang unine ‘kalangane”. Apa tegese kalangane wau . . . .
  13. Chetane tembung-tembung kang ditembangke diarani . . . .
  14. Pasuryan kang duwe daya gambaran kang jumbuh karo tembung-tembung kang ditembangke diarani . . . .
  15. Shandangan sing dienggo penyanyi diarani . . . .
  16. Cacahing gending ana . . . .
  17. Ketawang Gending kalebu gendhing . . ..
  18. Gangsaran lan Lancaran kalebu gendhing . . ..
  19. Ing gending gangsaran saben 2 tabuhan mesti dibarengi tabuhane . . ..
  20. Gending kang biasane kanggo ngiringi tembang dolanan yaiku gendhing . . ..

II.             Garape soal-soal iki kanthi bener !
1.                 Sebutna tembang kang nggunakake titilaras slendro miring!
2.                 Sebutna gamelan kang ora duweni titilaras 4!
3.                 Gamelan apa kang diarani balungan  istimewa!
4.                 Apa jenenge gosokane rebab?
5.                 Sebutna jenising gong!
6.                 Sebutna jenise kendhang!
7.                 Sebutna kang kalebu gendhing alit!
8.                 Apa wae kriteria kanggo biji nembang macapat!
9.                 Apa kang diarani artikulasi!
10.             Sebutna tembang macapat kang duweni 4 gatra!
Share this article :

Tidak ada komentar :

Posting Komentar

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Blog Kelas 5 SDN 2 Delanggu - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Blogger